Minggu, 13 Oktober 2013

Kecepatan Sholat Tarowih di Berbagai Tempat (Kisah Nyata)


Assalamu’alaikum ya ukhti lan akhi. Gawe manfaatno posoan iki, aku lan arek2 “Langgar Gempeng” (LANGGENG) wis ngadakno survey tentang panggon-panggon sholat (Langgar, Musholla lan Masjid) nang sekitar kombongku pas wayah Tarowih. Iki hasil’e:

1. Musholla Al-Mubarok (Gempeng Pusat)
Iki panggonku ngaji lan tadarus yen wayah sore karo son little2. Nang kene Tarowih’e 20 rokaat + Witir, sing Tarowih sekitar 20 jama’ah lanang lan 15 jama’ah wadon saben dino’e. Dimulai jam 19.00 WIB, kecepatan sholat’e: 1,7 menit/roka’at.

2. Langgar Pondok Canga’an / Pondok’e Bondhet (Gang 2 - Gempeng Kulon)
Nang kene iki panggon Tarowih favorit’e arek kampung amarga banter dhewe nang Gempeng. Sing melu 30 jama’ah lanang lan 50 jama’ah wadon (termasuk Bondhet, Bintan, dkk.), 20 roka’at + Witir. Dimulai jam 18.55 WIB, kecepatan sholat’e: 1,0 menit/roka’at.

3. Musholla Baitul Falah (Gang 1 - Gempeng Kidul)

Nah, yen iki panggon Tarowih’e arek2 Gempeng Kidul. Aku jarang sholat nang kene, tapi lumayan rame: ±20 jama’ah lanang (termasuk Ikmal/Kiper Futsal’e SMK) lan ±10 jama’ah wadon, 20 roka’at + Witir. Dimulai jam 19.02 WIB, kecepatan sholat’e: 1,5 menit/roka’at.

4. Masjid Gang Buntu (Mager Sari – Gempeng Barat Daya)
Iki panggon Tarowih favorit’e Sabit, panggon’e nylempit. Nang kene Tarowih’e 20 roka’at + Witir. Jama’ah lanang ±15 lan jama’ah wadon ±10. Mulai jam 19.00 WIB, kecepatan sholat’e:1,2 menit/roka’at.

5. Langgar Pondok Tanwirul Hijaa (Gempeng Lor)
Nah, aku biasane ngaji diniyah nang Pondok iki (karo Aam) tapi jarang Tarowih nang kene. Diniyah’e saiki isik prei lan mulai mlebu maneh sakwis’e rioyo. Sing sholat kene yo arek2 Pondok sing gak mulih lan wong2 Gempeng Lor. Jama’ah lanang’e ±25 lan wadon’e ±20. Mulai jam 19.00 WIB, kecepatan sholat’e: 1,5 menit/roka’at.

6. Musholla Nurul Iman (Gang 3 - Gempeng Barat Laut)


Mayoritas wong2 RT. 05 Tarowih nang kene (termasuk Cak Bandi). Musholla iki meh saben dino full yen wayah Tarowih amarga nang RT iki gak ono Musholla maneh. Roto2: ±40 jama’ah lanang lan ±50 jama’ah wadon. Mulaine jam 19.00 WIB, kecepatan sholat: 1,3 menit/roka’at.

7. Musholla Al-Muhajirin (Perumahan Gempeng)


Iki Musholla’e perumahan, gak ono tunggal’e. Meh kabeh wong perumahan Tarowih nang kene. Roto2 jama’ah wadon’e ±20 lan jama’ah lanang’e ±20. Mulaine jam 19.00 WIB, kecepatan sholat: 1,3 menit/roka’at.

8. Masjid Sabilul Falah (Perbatasan Perumahan Gempeng – Ketanen)


Iki panggon Jumatan’e wong perumahan lan digawe Tarowih pisan yen bengi, panggon’e nyelempit ing tengah2’e sawah lan karangan. Gak sepiro populer, tapi panggon’e lumayan apik. Biasane jama’ah wadon’e ±25 lan jama’ah lanang’e ±20. Mulai jam 18.55 WIB, kecepatan sholat: 1,4 menit/roka’at.

9. Masjid Baiturrohman / Masjid Pancasila (Kidul’e SMK Bangil - Ketanen)


Iki panggon Jumatanku yen skul’e mulih awan. Aku mek sepisan Tarowih nang kene taun iki, tapi mayoritas wong Ketanen sholat Tarowih nang kene. Roto2 jama’ah lanang ±50 (termasuk Fajrin, Aam) lan wadon’e ±35an (termasuk Linda Maharo), 20 roka’at + Witir. Dimulai jam 19.05 WIB, kecepatan sholat’e: 1,7 menit/roka’at.

10. Masjid Manarul (Sebelah’e TELKOM - Pesanggrahan)
Jarene wong2 se iki “Masjid’e Wong Sabar” amarga jama’ah’e pancen sabar2. Biasane poro Musafir sing arep mudik lan singgah nang Bangil sering mampir Tarowih nang kene. Kadang 8 roka’at, kadang yo 20 rok’aat. Pokok’e buyar’e sekitar ±jam setengah 9. Dimulai jam 19.10 WIB, kecepatan sholat’e: 3,0 menit/roka’at.

11. Musholla Al-Anwar (Perempatan Kancil Mas, 10 Meter Arah nang Alun-alun)
Pas kepepet, aku tau Tarowih nang kene amarga gak nutut’i yen kate mulih sakwis’e mblakrak karo arek2. Tapi gak mengecewakan, lumayan banter. Jama’ah lanang’e ±15 lan wadon’e ±10. Total 20 roka’at + Witir, dimulai jam 19.05 WIB, kecepatan sholat’e: 1,2 menit/roka’at.

12. Masjid Jami’ Bangil (Pusat Kota Bangil)

Yen kadung sregep, aku lan arek2 Tarowih nang kene mesisan mlaku2 sakwis’e. Ing dalem 1 wulan, Masjid iki Khotmil Qur’an lan didum ing saben2 roka’at’e dadi yo lumrah wae yen pancen suwe. Masjid iki yo dadi ‘penampungan’e’ poro Musafir sing arep mudik. Saben taun, pas marine Tarowih malem 29, akeh wong turun kanggo konsumsi (iklan). Jumlah’e 20 roka’at + Witir, jama’ah’e ±200 sing lanang lan ±100 sing wadon. Dimulai jamecepatan sholat: 3,5 menit/roka’at.

13. Musholla Nurul Ilmi (SMA Negeri 1 Bangil - Kalirejo)
Aku isik ping telu Tarowih nang kene taun iki, yoiku pas marine Buber Kelas lan Buber OSIS lan sakwis’e Buber Ekstrakurikuler. Jama’ah’e yo murid2 SMANBA dhewe lan wali kelas/pembina exkul. Total, 20 roka’at + Witir. Pas Imam’e Pak Muslich, kecepatan sholat:1,2 menit/roka’at, pas Imam’e Pak Mursyidi, kecepatan sholat: 1,3 roka’at/menit lan pas Imam’e Pak Aji, kecepatan sholat’e 1,1 menit/roka’at.

Nah, iku hasil surveyku. Yen minat nyoba, monggo. Hehehe . . .

Wassalamu’alaikum.